Sabtu, 11 Agustus 2012

Guyon Sek


Mung Guyon thok, ben ra Spaneng..

Bapak : "Le.. Tulung tukokno minuman anyes ning warung yo.."
Anak : "coca-cola opo seprit pak?"
B : "Coca-cola wae.."
A : "Sing kalengan opo botolan?"
B : "Botolan.."
A : "Sing botol gede opo cilik?"
B : "Ooo... Pancen njaluk di kepruk palu ki bocah!! Wis tukokno banyu ae!!"
A : "Aqua opo banyu biasa?"
B : "AQUA, cuk!!"
A : "Gelas opo sing botol?"
B : "SAPU NDI SAPU!! TAK GEPUK'E NDASE BOCAH IKI!!"
A : "Sapu biting opo sapu duk??"
B : "Oalaah Kewan tenan kowe pancen'e!"
A : "Wedus opo Kebo?"
B : "WEDUUSSS, Goblok!!"
A : "Wedus Cempe opo Bandot??"
B : "Setan kowe!!"
A : "pocong opo Gendruwo?"
B : "Mbuh lah., kono minggat wae!!"
A : "Saiki opo sesuk?"
B : "Saiki, dobol!!"
A : "Bapak melu opo ora??"
B : "Asli suwe2 Tak pateni tenan bocah iki!!"
A : "Ditusuk peso opo ditembak nganggo pistul??"
B : "Tak tembak!!"
A : "Ndase opo wetenge??"

*Bapak'e skarat kejet2 langsung stroke stadium pitulikur...
 




 









#lek basi yo ojo diwoco le.. -__- 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar